Khutbah Jumat Bahasa Jawa untuk Pertengahan Ramadhan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa untuk Pertengahan Ramadhan

Irma Budiarti - detikJatim
Jumat, 14 Mar 2025 06:30 WIB
Ilustrasi khutbah Jumat
ILUSTRASI KHUTBAH JUMAT. Foto: Alhaki/detikcom
Surabaya -

Hari ini, umat Islam memasuki Jumat di minggu kedua pertengahan Ramadhan. Artinya, sudah separuh bulan suci ini telah berlalu. Salah satu amalan wajib hari ini adalah salat Jumat. Berikut contoh khutbah Jumat dalam bahasa Jawa untuk pertengahan Ramadhan.

Di awal Ramadhan, semangat ibadah biasanya begitu menggebu-masjid ramai oleh jamaah, tilawah Al-Qur'an menggema di mana-mana, dan kebaikan begitu mudah dilakukan. Namun, ketika memasuki pertengahan bulan, tak jarang semangat itu mulai berkurang. Khutbah Jumat kali ini menjadi pengingat penting bagi umat Islam untuk tidak membiarkan semangat ibadah meredup.

Justru di fase ini, muslim harus semakin giat dalam beribadah, karena momentum Ramadhan semakin mendekati puncaknya-sepuluh hari terakhir yang penuh dengan keutamaan, termasuk malam Lailatul Qadar. Oleh karena itu, khutbah Jumat di pertengahan Ramadhan sering kali menekankan pentingnya menjaga konsistensi ibadah, memperbanyak amal kebaikan, serta mempersiapkan diri untuk meraih keberkahan di sisa hari-hari Ramadhan.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Khutbah Jumat Bahasa Jawa di Pertengahan Ramadan

Ramadhan telah memasuki pertengahan, momen penting bagi muslim untuk melakukan muhasabah atau introspeksi diri. Di awal bulan suci, semangat ibadah begitu menggelora, namun seiring berjalannya waktu, apakah kita masih tetap istikamah?

Sudah sejauh mana kualitas ibadah yang muslim lakukan, dan apakah telah memanfaatkan Ramadhan dengan sebaik mungkin. Khutbah Jumat kali ini akan mengingatkan kita tentang pentingnya menjaga semangat ibadah di sisa Ramadhan yang masih ada. Berikut contoh khutbah Jumat bahasa Jawa.

ADVERTISEMENT

1. Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Rahmate Gusti ing Wulan Ramadhan Suci

Sumber: NU Online, Ustaz Ajie Najmuddin

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِالأَوْقَاتِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعَلٓى آلِهِ وأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الْأَثَامِ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ يَاۤ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya. Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta'ala.

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

Artosipun: Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal. (QS. Al Baqarah: 197)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah. Wonten salah satunggale keterangan, kaitanipun kalian kautamaan ing wulan Ramadhan. Bilih wulan Pasa menika dibagi ing tiga kautamaan. Ing awal wulan, Gusti Allah nurunke rahmat, lajeng ing pertengahan maringi pangapura, lan ing akhir wulan dipun bebasake saking neraka.

Pramila, ing kesempatan awal Ramadhan menika, mangga kita sami berupaya, supados kita angsal kautamaan angsal rahmatipun Gusti Allah swt. Bilih rahmat utawiwelasasihipun Gusti menikajembarsanget. Contonipun saking penjelasan sifat welasasihe Gusti Allah inggihpunika Ar-Rahman lan Ar-Rahim.

Wonten ing tafsir Al Ibriz dipun terangake ana ing surat Al-Fatihah ayat 3, bilih Gusti Allah iku persifatan welas asih maring sekabehane makhluk, luwih-luwih marang menungsa kang wis nyata diparingi nikmat wujud kanthi akal lan anggota badan kang sampurna lan nikmat liya-liyane meneh kang gedhe lan lembut.

الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۙ

Artosipun: Kang Maha Welas ana ing (dunya lan akhirat) tur Maha Asih (ana ing akhirat blaka). (QS Al-Fatihah: 3)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah. Rahmat saking Gusti Allah menika, dados pengarep-arep sedaya makhluke. Supados angsal gesang ingkang sahe. Langkung-langkung, benjang ten akhirat, mestinipun kepengin mlebet swargane Gusti Allah.

Kanjeng Nabi natengendikanugi paring tuladhadatheng kita umatipun, bilihpiyambakipunmawonsagetmlebetswarga, mboten kerana amale, nanging sebab rahmat lan fadhilah saking Gusti Allah.

لَنْ يُدْخِلَ أَحَداً عَمَلُهُ الْجَنَّةَ ... قَالُوا وَلاَ أَنْتَ يَا رَسُولَ اللَّهِ؟ قَالَ لاَ وَلاَ أَنَا إِلاَّ أَنْ يَتَغَمَّدَنِي اللَّهُ بِفَضْلٍ وَرَحْمَةٍ

Artosipun: Ora bakal mlebu ing suwarga sapa wong, sebab amale... lajeng para sahabat wonten ingkang tanglet: termasuk panjenengan Ya Rasulullah? Lajeng Kanjeng Nabi ngendikan: Ya, aku iya ora (mlebet suwarga sebab amal), kajaba namung sebab rahmat lan fadhilah saking Gusti. (HR Bukhari Muslim)

Wonten ing hadist menika, mboten kok nglarang kita ngamal, ananging wonten ing kelanjutan hadits menika, Kanjeng Nabi ugi maringi tambahan keterangan, supados kita mendet ing dalan tengah utawi ingkang seimbang antarane kita ngamal kalian kita gadah pengarep-arep dhateng rahmate Gusti.

Ugi supaya kita, ati-ati ing dalem tingkah kita, sebab mboten wonten ingkang mangertos perkawis ingkang saget dados sebab tumurune rahmate Gusti. Ugi ingkang paling penting, supados kita mboten pedhot pengarep-arep marang rahmate Gusti.

وَمَن يَقْنَطُ مِن رَّحْمَةِ رَبِّهِ إِلاَّ الضَّآلُّونَ

Artosipun: Mboten wonten tiyang ingkang putus harapan, saking rahmatipun Pengeran, kejawi namung tiyang-tiyang ingkang sasar. (Al-Hijr: 56)

Para jamaah ingkang minulya, Pramila, wulan Ramadhan menika wekdal ingkang pas, kangge kita ningkatake amal sahe kita. Nglampahi ibadah pasa, shalat tarawih lan sunah sanese, maos Al-Qur'an, sedekah lan liya-liyane. Sinambi kita tansah gadah pengarep-arep, mugi-mugi Gusti Allah nurunake rahmate maring kita sedaya. Amin ya Rabbal Alamin.

أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللّٰهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ

وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

2. Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ndadosaken Masjid Pusat Ibadah ing wulan Romadhon

Sumber: NU Online, Ustaz H Muhammad Faizin

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِ الأَوْقَاتِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعَلٓى آلِهِ وأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الْأَثَامِ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ يَاۤ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo. Ngawiti khutbah Jumat meniko monggo sami nguataken raos syukur dateng Allah swt ing sampun maringi katah kenikmatan dateng kito sedoyo ing dunyo meniko.

Sedoyo meniko kedah kito syukuri biqauli: "Alhamdulillahirabbil 'alamin", kito tancepaken wonten ing ati sak kenceng-kencengipun, lan dipun wujudaken wonten ing amal kito tiap wayahipun.

Kanthi Ati kang Bungah Salah setunggalipun wujud syukur inggih puniko tansah nglampahi sedoyo perintahipun Gusti Allah lan nebihi dateng sedoyo ingkang dipun larang deneng Allah swt. Menikolah ingkang dipun sebut kalian takwa.

Pramilo ing wedal meniko monggo kito ngiataken takwa dateng Allah swt, luwih-luwih ngajengaken wulan Ramadhan ingkang penuh kalian keberkahan. Ningkataken takwa meniko saget kito lakoni kelawan ningkataken ibadah piyambak-piyambak utowo ibadah berjamaah.

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo. Ibadah-Ibadah ing wulan Ramadhan meniko saget kito tambahi berkah lan keutamaanipun wonten ing masjid. Katah sanget ibadah ingkang saged kito lakoaken wonten ing masjid kados ingkang sampun dados tradisi ing lingkungan kito.

Meniko kedah kito uri-uri kranten katah manfangatipunkadosdados syiar, nguataken silaturahmi datengtiyanglintu, makmuraken masjid, lan ningkataken semangat ibadah. Allah swt sampun dawuhwontening Qur'an surat At-Taubah ayat 18:

اِنَّمَا يَعْمُرُ مَسٰجِدَ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ وَلَمْ يَخْشَ اِلَّا اللّٰهَ ۗفَعَسٰٓى اُولٰۤىِٕكَ اَنْ يَّكُوْنُوْا مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ

Artosipun: Temen setuhune ingkang makmuraken masjid Allah namung tiyang ingkang iman kalian Allah lan dinten kiamat, ngelaksanaaken sholat, mbayar zakat lan mboten wedi kejobo marang Allah. Tiyang menikolah ingkang dipun arepaken dados golongan ingkang angsal pituduh.

Ing ayat meniko dipun sebataken rupi ibadah ingkang saged dipun lakoaken inggih puniko shalat. Meniko saged kito dadosaken motivasi lan semangat ndadosaken masjid pusat ibadah wonten ing wulan Romadhon arupi ibadah sholat berjamaah.

Mestinipun mboten anamung ibadah sholat, anangin ibadah lintunipun ugi saged kito amalaken wonten ing masjid. Wonten ing masyarakat, kito saged tingali sampun katah tradisi ibadah ingkang dipun lakoaken wonten ing masjid ngarepi lan saklebete Romadhon.

Ngawiti saking tradisi punggahan utawidungosareng-sarenging awal Romadhon, resik-resik masjid utowo mushola, lan lintunipun. Meniko kedah kito uri-uri dipunlajengaken kalian ibadah sholat jamaah lan tentunipun sholat TarawangihingkdadoskesunahanwonteningwulanRomadhon.

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo. Kito ugi saged ngadaaken ibadah teng masjid kanthi macem-macem ibadah arupi tadarus Al-Qur'an, pengajian, buko puoso sareng, i'tikaf, lan lintu-lintunipun.

Mboten anamung ibadah ingkang hubunganipun kalian Allah (hablun minallah), ibadah lintu ingkang nggadahi hubungan kalian menungso (hablun minannas) ugi saged kito laksanaaken wonten ing masjid. Kados ingkang sampun disebut wonten ing surat At-Taubah ayat 18 ingkang sampun kulo sebat inggih puniko ibadah zakat.

Ibadah zakat, sedekah, infak, lan ibadah-ibadah sosial lintunipun saged kito laksanaaken wonten ing masjid kangge ndadosaken masjid pusat ibadah lan ugi ngalap berkah Romadhon. Sedoyo ibadah meniko kedah dipun biasaken wonten ing masjid. Rasulullah ngendiko:

إِذَا رَأَيْتُمُ الرَّجُلَ يَعْتَادُ الْمَسَاجِدَ فَاشْهَدُوْا لَهُ بِاْلإِيْمَانِ

Artosipun: Nalikone siro nemu wongkang bioso ibadah wonten ing masjid, moko nyeksenono siro dene wong mau iku wongkang beriman." (HR Riwayat Ahmad, At-Tirmidi, Ibnu Majah lan Al-Hakim saking Abi Sa'id Al-Khudri).

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo. Pramilo, monggo kito sami ndadosaken masjid pusat ibadah kito khususipun wonten ing wulan Romadhon. Mboten anamung ibadah-ibadah mahdhoh ingkang sampun dipun tetapaken totocoronipun, nanging ibadah ghairu mahdoh ingkang mboten dipun sukani totocoronipun ugi saged dipun kito lakoaken wonten ing masjid.

Mugi-mugi kito sedoyo tetep dipun paringi taufik lan hidayah ugi kekiatan saged ibadah kelawan mempeng wonten ing wulan Romadhon lan saget pikantuk predikat tiyang-tiyang ingkang bertakwa ingkang dados tujuan ibadah puoso. Amin ya Rabbal 'alamin.

أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ. أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ، فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ، وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ، فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ، وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ، إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah II

َاَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللّٰهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى: اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى، يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

3. Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Kautamaan Lailatul Qadar

Sumber: NU Online, Ustaz Ajie Najmuddin

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي فَتَحَ أَبْوَابَ الْجَنَّةِ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ الَّذِيْ أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِي قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أمَّا بَعْدُ. فَيَا أيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . وَقَالَ تَعاَلَى: إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ . وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ . لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ .تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ. سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْر

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah Alhamdulillah puji syukur tansah kita aturaken datheng Gusti Allah ta'ala, syukur kanthi ningkataken takwa kita datheng Allah ta'ala, nglampahi sedaya prentah saha nebihi awisanipun.

Mbotenkeraos, WulanPasa sampun mlebet sepuluh dinten terakhir, artosipunsekedapmalih kita bakal pisah kalian wulaningkang istimewa punika. Wonteningsepertelu terakhir saking Wulan Ramadhan, ugi kita tansahngarep-arep bakal kepanggih kalian Lailatul Qadar, inggihpunikasatunggaling dalu ingkanggadahi derajat kanggengibadahlangkung sae tinimbangngibadahsewuwulan.

Pramila, kedah dados kawigatosan kita sedaya, supados kita angsal kautamaan Lailatul Qadar. Kados ingkang kasebat wonten ing Al-Qur'an surat Al-Qadr ayat 4:

تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْر

Artosipun: Para malaikat padha tumurun ing Bumi, saperlu ngamini dunga ngantos dumugi wekdal fajar. Malaikat Jibril, ugi tumut mandhap mbeta rahmatipun Allah.

Saumpami mboten wonten Lailatul Qadar, mbok menawi kita aurat utawi malah mustahil, kita saget angsal ganjaran kadose dene nglampahi ngibadah sewu wulan (utawi kirang langkung wolung puluh telu tahun). Sebab, lumrahipun, umur menungsa zaman sak niki antawis suwidak ngantos pitung puluh tahun.

Pramila, begja kemayangan menawi kita angsal kautamaan Lailatul Qadar kados punika. Ma'asyiral muslimin rahimakumullah Wekdalipun Lailatul Qadar, katah pendapat saking para ulama: milai saking pendapat ingkang nyebutaken ana ing salah sijine dalu ing Ramadhan ugi sepuluh dalu terakhir.

Wonten ugi pendapat, ingkang nyebutaken Lailatul Qadar ana ing dalu ganjil. Kadose dene dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:

هِيَ فَي شَهْرَ رَمَضَانَ فَالْتَمِسُوْهَا فِي العَشْرِ الأَوَاخِرِ فَإِنَّهَا وِتْرٌ فِي إِحْدَى وَعِشْرِيْنَ، أَوْ ثَلَاثٍ وَعِشْرِيْنَ، أَوْ خَمْسٍ وَعِشْرِيْنَ، أوْ سَبْعٍ وَعِشْرِيْنَ، أوْ تِسْعٍ وَعِشْرِيْنَ، أو آخر ليلةٍ مِنْ رَمَضَانَ، مَنْ قَامَهَا احْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Artosipun: Malem (Lailatul Qadar) ana ing Wulan Ramadhan. Mangka goleka ana ing sepuluh dina terakhir. Lailatul Qadar ana ing dalu kang ganjil: malem 21, 23, 25, 27, 29, utawa malem terakhir Ramadhan. Sapa wong kang ngurip-urip kerana ngarep Ridha Allah, bakal dingapura dosa-dosa kang wis kapungkur (HR Ahmad).

Hadirin rahimakumullah Lailatul Qadar ugi gadah pertandha ingkang sifatipun lahir, katingal ing langit lan bumi. Saha pertandha ingkang sifatipun bathin, ingkang saget diraosaken nikmate ibadah ana ing dalu punika.

Pramila, para hadirin rahimakumullah, mangga kita sami nggayuh ana ing sepuluh bengi terakhir Ramadhan punika kanthi nindhaake sedaya kesaenan. Shalat berjamaah, shalat tarawih, witir, tadarus Al-Quran, i'tikaf, lan sanes-sanese.

Mugi-mugi kita sedaya dadostiyangingkangbegja, ingkang angsal kautamaanLailatul qadar sahasagetnglampahi ibadah ana ing Ramadhan ngantosdumugi paripurna. Amin ya Rabbal Alamin.

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ عِبَادَاللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ




(hil/irb)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads