5 Contoh Ceramah Maulid Nabi 2023 Bahasa Jawa

5 Contoh Ceramah Maulid Nabi 2023 Bahasa Jawa

Savira Oktavia - detikJatim
Rabu, 27 Sep 2023 11:03 WIB
Cermah tentang Maulid Nabi
Ilustrasi ceramah tentang Maulid Nabi/Foto: Getty Images/dagasansener
Surabaya -

Masyarakat Jawa biasanya merayakan peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW dengan berbagai tradisi. Perayaannya diisi berbagai kegiatan keagamaan, salah satunya ceramah mengenai kelahiran Rasulullah SAW.

Ceramah Maulid Nabi biasanya berisi perjalanan kehidupan hingga hal-hal yang dapat dijadikan teladan dari sosok Rasulullah SAW sebagai junjungan umat Muslim.

Pada beberapa acara Maulid Nabi, ceramah biasanya dibawakan menggunakan bahasa daerah setempat. Termasuk di Jawa Timur, banyak ceramah Maulid Nabi memakai bahasa Jawa.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Contoh Ceramah Maulid Nabi Bahasa Jawa

Tahun ini, hari kelahiran Rasulullah SAW 12 Rabiul Awal jatuh pada Kamis, 28 September. Berikut lima contoh ceramah Maulid Nabi 2023 dalam bahasa Jawa yang dapat kamu jadikan referensi untuk mengisi acara Maulid Nabi.

Contoh 1

Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh. Alhamdulillahil 'aziizil ghofuur, alladzi ja'ala fil islamil haniifil huda wan nuur. Allahumma shalli 'ala sayyidina Muhammadin khotamil anbiyaa-i wal mursaliina wa 'ala aalihit thoyyibiina wa ashhabihil akhyaari ajma'iin, amma ba'du.

ADVERTISEMENT

Hadirin jemaah ingkang minulyo. Monggo kito sami ningkataken anggen kito takwa dumateng Allah kanti nglampahi sedoyo perintah-perintah ipun soho nebihi sedoyo awisan-awisan ipun, ugi sampun ngantos kito benjang pejah kejawi netepi agami Islam.

Hadirin jemaah ingkang minulyo. Perlu dipun mangertosi bilih dinten meniko ngleresi (tanggal) saking wulan Robi'ul Awal utawi wulan Maulud. Wonten wulan meniko, leresipun tanggal 12 Maulud inggih dinten lahiripun junjungan kito Nabi Agung Nabi Muhammad SAW.

Nabi ingkang terakhir, Nabi ingkang mbekto agami Islam, Nabi ingkang sampun pering ajaran, tuntunan, paring suri tauladan dumateng kito, satu-satunya Nabi ingkang saget paring syafaatul 'udzma benjang wonten ngarsanipun Allah.

Wonten wulan meniko, monggo kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat, sami memulyakan dinten lahiripun Kanjeng Nabi soho sami introspeksi, sampun pas nopo dereng tumundak-tumindak kito kalian nopo ingkang sampun dipun wulangaken Kanjeng Nabi?

Sampun saget nopo dereng nglampahi perkawis-perkawis ingkang dipun contoaken Kanjeng Nabi? Sampun nglampahi nopo dereng perkawis-perkawis ingkang sampun dipun perintahaken deneng Kanjeng Nabi?

Ing mongko, Gusti Allah sampun dawuh wonten surat Al-Hasyr ayat 7 ingkang ungelipun:

وَمَا أتَاكُمْ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوْا

"Opo wae seng disampekne deneng rosul yakni Nabi Muhammad SAW marang sliramu kabeh jupuken/alapen lan opo wae seng dilarang deneng rosul tinggalen".

Ayat meniko kanti jelas paring pangertosan dumateng kito bilih, menopo kemawon ingkang dipun wucalaken, ingkang dipun contoaken, ingkang dipun perintahaken deneng Kanjeng Nabi, kito minongko umatipun kedah niru soho kedah nglampahi.

Kosok wangsulipun, menopo kemawon ingkang dipun awisi, ingkang dipun larang, ingkang dipun tilar deneng Kanjeng Nabi, kito ugi kedah nilar, kedah dipun tebihi lan sampun ngantos dipun lampahi.

Selajeng menopo, ingkang kedah kito conto, kito tiru saking tindak lampahipun Kanjeng Nabi? Jawaban ipun katah sanget. Malah-malah sedoyo prilaku, sedoyo tindak-tanduk, toto kromo soho toto-coro gesang, sedoyo kolowau sampun dipun contoaken deneng Kanjeng Nabi.

Kanjeng Nabi sampun paring petunjuk katah sanget dumateng kito, kados pundi carane gesang bermasyarakat? Kados pundi carane berkeluarga? Ngantos-ngantos dospundi coronipun mimimpin masyarakat.

Salah setunggalipun conto, magayutan kalian dospundi kito gesang bermasyarakat, Kanjeng Nabi sampun katah sanget paring dawuh, anatawis ipun inggih meniko:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمَ الأخِرَ فَاليُكْرِمْ جَارَهُ

"Sopo wonge iman marang Allah dan dino akhir yakni dino kiyamat mongko mulyakno tonggo".

Dawuh Kanjeng Nabi meniko, kanti jelas paring pangertosan bilih sinten tiyang ingkang iman dateng Allah persasat kedah mulyaaken dateng tonggo, kedah sae dateng tonggo, kedah rukun kaleh tonggo. Mulyaaken tonggo mboten amargi dipun servis ananging mulyaaken tonggo amargi nglaksanaaken printahipun Allah.

Hadirin jemaah ingkang minulyo. Perlu dipun mangertosi bilih, nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi, nglaksanaaken perintah-perintahipun Kanjeng Nabi.

Kados dawuh kolowau, niru perilaku-perilakunipun Kanjeng Nabi, meniko dipun hukumi sami kaliyan demen utawi seneng dateng Kanjeng Nabi. Kanjeng Nabi sampun dawuh (hadis marfu') bilih:

مَنْ أَحْيَا سُنَّتِي فَقَدْ أَحَبَّنِي وَمَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي اْلجَنَّةِ

"Sopo wonge ngurip-ngurip/nglakoni sunahku mongko persasat deweke wus demen marang aku, sopo wonge demen marang aku, mongko mbesok bareng karo aku neng swargo".

Jemaah ingkang minulyo. Sak lintunipun kito berusaha nglampahi nopo ingkang sampun dipun dawauhaken Kanjeng Nabi, monggo wonten wulan Maulud meniko kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat.

Maos sholawat merupakan salah satu tanda cinta kita dateng Kanjeng Nabi. Langkung-langkung Kanjeng Nabi sampun dawuh bilih:

مَنْ كَانَ أَكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً كَانَ أَقْرَبُهُمْ مِنِّي مَنْزِلَةً

"Sopo wonge paling akeh mocone sholawat marang aku mongko persasat deweke seng paling cedek panggonane karo aku".

Wonten hadis lintu Kanjeng Nabi ugi dawuh maleh:

أوْلَى النَّاسِ بِيْ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ أكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً

"Manungso sing paling berhak nompo syafaatku mbesok dino qiyamat yoiku wong seng akeh mocone solawat marang aku".

Hadirin jemaah ingkang minulyo. Selajengipun pupung sak meneiko wulan Maulud, inggih wulan lahiripun Kanjeng Nabi Muhammad SAW monggo kito ugi ngatah-ngatahaken ngamal sae.

Poro sohabat khulafaurrosyidin inggih meniko sayidina Abu Bakar, Umar, Ustman soho sayidina Ali sedoyo meniko sami mulyaaken wulan Maulud meniko.

Wonten kitab الِّنعْمَةُ اْلكُبْرَى عَلَى اْلعَالَمِ ingkang dipun karang deneng Imam Ibnu Hajar al-Haitami, shohifah 7 ngantos 8 dipun dawuhaken bilih:

قال أبو بكر الصديق رضي الله عنه مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ مَوْلِدِ النَّبِي صلى الله عليه وسلم كَانَ رَفِيْقِي فِي الجَنَّةِ

Sohabat Abu Bakar RA dawuh: "Sopo wonge infaq/sodaqoh duit sak dirham kanggo moco Maulid Nabi mongko wong mau dadi koncoku mbesok ono ing swargo".

وقال عمر رضي الله عنه مَنْ عَظَّمَ مَوْلِدِ النبيِّ صلى الله عليه وسلم فَقَدْ أَحْيَا اْلإِسْلَامَ

Sohabat Umar RA dawuh: "Sopo wonge ngagungaken dino lahire Kanjeng Nabi mongko wong mau persasat ngurip-ngurip agomo Islam".

وقال عثمان رضي الله عنه مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ مَوْلِدِ النبِي صلى الله عليه وسلم فَكأنَّمَا شَهِدَ غَزْوَةِ بَدْرٍ وَحُنَيْنٍ

Sohabat 'Ustman RA dawuh: "Sopo wonge infak/sodaqoh duit sak dirham kanggo moco Maulid Nabi, mongko koyo-koyo wong mau melu perang Badar lan perang Hunain".

وقال عليٌّ رضي الله عنه مَنْ عَظّمَ مَوْلِدِ النبِي صلى الله عليه وسلم وَكَانَ سَبَبًا لِقِرَاءَتِهِ لَايَخْرُجُ مِنَ الدُنْيَا إِلّا بِالإِيْمَانِ ويَدْخُلُ اْلجَنَّةَ بِغَيْرِ حِسَابٍ

Sayidina Ali Kw dawuh: "Sopo wonge ngagungaken dino lahire Kanjeng Nabi, lan dadi sebabe moco Maulid Nabi mongko wong mau ora bakal mati kejobo netepi iman lan bakal mlebu suwargo tanpo hisab".

Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.

Contoh 2

Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh. Alhamdulillahilladzi kholaqol insaana fi ahsani taqwim, Asyhadu an laa ilaha illallahul maalikul haqul muibin, wa asyhadu anna Muhammadan 'abduhu warosuuluhu arsalahu rohmatan lil 'aalamiin, wa sallallahu wa Sallama 'ala sayidina Muhammadin, wa 'ala aalihi wa ashaabihi ajma'in, Amma Ba'du.

Jemaah rahimakumullah. Monggo kito sami ningkataken takwa dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, lan cecekelan pituduh ingkang sampun dipun dawuhaken Kanjeng Nabi Muhammad. Gusti Allah dawuh:

يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Artosipun: Hei wong kang podo iman, podo takwoho siro kabeh marang Allah kelawan sejatine takwo, lan ojo podo pejah siro kabeh kejobo podo muslim. (Ali Imran; 102)

Salah setunggale rupi takwo ingkang sakmangke saget kito lampahi nggih meniko trisno marang Kanjeng Nabi dan bebungah kaliyan wulan Maulid, wulane Kanjeng Nabi dipun lahiraken ing dunyo niki.

Krantensedoyo makhluk ingkangdipunciptaaken Gusti Allah mbotensagetngungkulikamulyaneKanjeng Nabi. Pramilowulankelahiranipunkalebetperkawismulyo.

Hadirin ingkang sami bahagio. Wonten dinten meniko, kito sampun melebet wulan Rabiul Awal ingkang dipun wastani wulan Maulid Nabi. Katah tiyang ingkang sami ngerayaaken Maulid keranten bebungah kaliyan Kanjeng Nabi. Antawisipun perayaan Maulid kados dene maos Maulid barzanji, diba'an, tarikh Rasul lan sakpitunggalane.

Sinaoso mekaten, ngerayaaken Maulid kedah njalur kaliyan aturan agomo. Tegese perayaan meniko kedah dipun isi amal kesaenan, mboten saget dipun isi kaliyan kegiatan munkar, maksiat ingkang sasar lan nyasaraken. Amergi Gusti Allah lan poro malaikat maos shalawat lan salam kagem Kanjeng Nabi. Gusti Allah dawuh:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan poro malaikat moco sholawat kagem Nabi. Hei, wong-wong kang podo iman, podo mocoho sholawat kagem Nabi lan ngucapo salam kagem Nabi. (QS. Al-Ahzab[33]: 56)

Ayat meniko negesaken bilih Kanjeng Nabi nggadah keistimewaan ingkang makhluk lintu mboten nggadah ngantos angsal sholawat lan salam saking Gusti Allah lan poro malaikat.

Wonten keterangan kitab Mahasin Al-Ta'wil anggitanipun Imam Jamaluddin al-Qasimi dipun sebataken bilih ayat kasebat nuduhaken wajibe saben tiyang muslim maos sholawat kagem Kanjeng Nabi.

Kewajiban maos sholawat meniko saget dipanggihi wonten lebete sholat, yakni naliko maos tahiyyat. Setunggale hadis qudsi dawuhaken keunggulane Kanjeng Nabi:

لَوْلَاكَ لَوْلَاكَ يَا مُحَمّد لما خَلَقْتَ الأَفْلَاك

Artosipun: Lamun ora kerono siro Muhammad, ora bakal ingsun dadiaken jagat.

Jamaah ingkang bahagio. Maos sholawat kagem Kanjeng Nabi meniko mboten sanes namung damel mbuktiaken raos trisno kito dumateng Kanjeng Nabi.

Imam Razi nate dawuh: Tujuane Gusti Allah ngewajibaken umat Islam maos sholawat kagem Kanjeng Nabi meniko damel nuduhaken pangkat luhur lan agunge Kanjeng Nabi Muhammad wonten ngersane Gusti Allah.

Pramilo, menawi kito sedoyo sampun trisno lan mbiasaaken maos sholawat, mongko saking waosan niku kito bakale dipun ganjar lan kecatet ngelampahi amal kesaenan.

Kranten sejatine saking waosan niku barokahipun lumeber mekenani kito sedoyo. Mugi-mugi kito sedoyo kalebet umat Islam ingkang mlebet suwargo sareng Kanjeng Nabi tanpo dihisab. Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.

Contoh 3

Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh. Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin, wal 'aaqibatu lil muttaqien, falaa 'udwaanaa illa 'aladzoolimiin. Wassholaatu wassalaamu 'alaa asyrofil anbiyaa-i wal mursaliin. Nabiyyinaa wa habiibinaa muhammadin arsalahullahu rohmatan lil 'alamiin. Wa 'alaa alihii wa azwajihit-thohirooti ummahaatil mu'miniin, wa 'alaa aalihiit-thoyyibiin, wa ashabihil ghurril mayaamiin, wa man tabi'ahum bi ihsanin ila yaumiddin. Amma ba'du.

Hadirin jemaah rahimakumullah. Monggo kito ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah kanti nindaaken perintah lan nebihi laranganipun ngantos pejah, kranten saking takwo meniko, kito saget pinaringan rahmat lan pitulung saking Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Artosipun: Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan sejatine takwo, lan ojo podo mati kejobo siro kabeh podo dadi wong Islam. (Ali Imron:102)

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang dados pengarep poro Nabi, lan saking panjenenganipun kito sedoyo saget semerap ajaran agomo Islam, akhlak karimah, ugi sami ngajeng-ngajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiamat. Gusti Allah dawuh:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan malaikate podo moco sholawat dumateng Kanjeng Nabi. Hei wong kang podo iman, mocoho sholawat lan salam dumateng Kanjeng Nabi. (Al-Ahzab 56)

Ayat meniko paring pemahaman bilih Gusti Allah nambah keberkahan lan poro malaikat sami ndedungo kesaenan marang Kanjeng Nabi. Lajeng kito dipun perintah supados sering maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi supados kaluberan berkah ugi pikantuk kesaenan.

Jemaah rahimakumullah. Sakmangke kito mlebet wulan kelahirane Kanjeng Nabi utawi Maulid Nabi. Setunggale wekdal ingkang mulyo, amergi Nabi ingkang dados pemungkase poro Nabi dipun lahiraken supados madangi jagat meniko.

Punopo kito dipun perintah maos sholawat? wonten surat Ahzab wonten inggil dipun sebataken bilih Gusti Allah soho poro Malaikat tansah maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi.

Lan merintahaken tiyang mukmin supados maos sholawat salam kagem Kanjeng Nabi kranten sedoyo niku bentuk sikap ngagungaken Kanjeng Nabi. Imam Qurtubi wonten tafsir Qurtubi nyebataken:

وَالصَّلَاةُ مِنَ اللَّهِ رَحْمَتُهُ وَرِضْوَانُهُ، وَمِنَ الْمَلَائِكَةِ الدُّعَاءُ وَالِاسْتِغْفَارُ، وَمِنَ الْأُمَّةِ الدُّعَاءُ وَالتَّعْظِيمُ لِأَمْرِهِ

Artosipun: Sholawat saking Gusti Allah maknane rahmat lan ridlo, sholawat saking malaikat maknane dungo lan istighfar, sholawat saking menungso maknane dungo dan ngagungaken Kanjeng Nabi Muhammad.

Imam Qurtubi dawuhaken bilih maksud sholawat saking Gusti Allah niku rohmat lan ridone Gusti Allah dumawah maring Kanjeng Nabi. Lajeng sholawat saking poro malaikat niku tegese waosan istighfar kagem Kanjeng Nabi menawi nggadah luput supados sedoyo keluputane dipun ngapuro.

Lajeng maksud waosan sholawat salam saking tiyang mukmin meniko maksudipun dungo, ngakoni, ngormati, ngagungaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang dados utusane Gusti Allah. Dungo ing bab niki minongko dados tawasul.

Lajeng ngakoni lan ngormati Kanjeng Nabi niku sejatine kalebet tondo raos trisno, tawasul soho nderek dumateng Nabi Muhammad. Kedah kito pahami maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi nggadah kautaman ingkang katah. Kanjeng Nabi dawuh:

مَنْ صَلَّى عَلَىَّ صَلاَةً وَاحِدَةً صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ عَشْرَ صَلَوَاتٍ وَحُطَّتْ عَنْهُ عَشْرُ خَطِيئَاتٍ وَرُفِعَتْ لَهُ عَشْرُ دَرَجَاتٍ

Artosipun: Sopo wonge maos sholawat marang ingsun sepisan, mongko Gusti Allah mbales sholawate kaping sepuluh, ngapuro sepuluh dusone lan ngangkat derajate sepuluh derajat. (HR An Nasa'i)

Hadirin ingkang sami minulyo. Imam Syarwani nukil dawuh saking Imam Rasyidi wonten kitab Tuhfatul Muhtaj: saben-saben Nabi iku podo gawe tawasul kelawan Kanjeng Nabi Muhammad nalikane dungo marang Gusti Allah.

Dawuh meniko negesaken bilih sedoyo poro Nabi nalikane dungo sami maos sholawat amergi saget dados perantara nalikane dungo marang Gusti Allah.

Nopo malih poro malaikat, menungso, pastine maos sholawat soho salam dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, dados perkawis ingkang wigati, amergi Kanjeng Nabi ingkang nggadah kamulyan lan ingkang nyepeng kunci syafaat mbenjeng dinten kiamat.

Pramilo, monggo kito katahaken maos sholawat, nopo maleh wonten wulan Maulid meniko supados kito mundak trisno dumateng Kanjeng Nabi ugi saget saget pikantuk syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad.

Lan kalebet umatipun ingkang mlebet suwargo sareng-sareng kaliyan Kanjeng Nabi Muhammad tanpo dihisab. Amiin. Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.

Contoh 4

Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh. Alhamdulillaahi hamdan yaliiqu bijalaali wajhihi wa 'azhiimi sulthaanihi, wa asyhadu allaa ilaaha illallaahu wahdahu laa syariika lahu, wa asyhadu anna muhammadan 'abduhu wa rasuuluhu, shalawaatullaahi wa salaamuhu 'alaihi wa 'alaa aalihi wa ashhaabihi wa man saara 'alaa nahjihi ilaa yaumiddiini, amma ba'du.

Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo. Monggo kito samiyo tansah netepi takwa dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo cegah, supados kito pikantuk rahmat lan kanugerahan, saking ngarsanipun Allah Ta'ala, Amin.

Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo. Wulan meniko Rabiul Awal inggih Mulud, wulan ingkang mulyo, wulan wiyosan Dalem junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu 'alaihi wa sallam.

Sejarahing manungso, kolo semanten. Kawontenan pagesangan ingkang tansah memengsahan lan sesatron, mboten nate wonten katentremaning gesang, masyarakat ingkang bodo lan terbelakang.

Bongso Arab kolo semanten, bongso ingkang adatipun remen nindes, ngrampas hakipun sanes, mendem-mendeman, judi, ngabotohaken, sak pinunggalanipun. Pengajakipun Kanjeng Nabi malah dipun adepi kanti sikap permusuhan dening masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah ing Al-Qur'an:

ألاَعْرَابُ أَشَدُّ كُفْراً وَنِفَاقاً وَأجْدَرُ اَلَّايَعْلَمُوْا حُدُوْدَ ما اَنْزَلَ اللهُ عَلى رَسُوْلِه وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ

"Pancen wong-wong Arab iku banget kufure lan nifaqe lan memper menowo ora pada mangerti marang hukum-hukum kang diturunake Allah marang utusane, lan Allah iku Dzat Kang Maha Ngudaneni lan Maha Wicaksana." (QS At Taubah: 97)

Wusanonipun Allah maringaken pitedah dateng bongso Arab kanti perombakan total, saking kawontenan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking kesewenang-wenangan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab.

Saking kebengisan lan penindesan dados kebak ing kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking memengsahan dados kerukunan lan katresnan, saking arogan dados kebak toleran, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan.

Saking kemunduran dados kemajuan, saking kesesatan dados keleresan, lestantun dumugi mongso sak lajengipun hingga titiwanci puniko. Puniko sedaya jalaran kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kados dawuhipun ing surah Ali Imran:

لَقَدْ مَنَّ اللهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلاً مِنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ أيَاتِه وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبلُ لَفِى ضَلاَلٍ مُبِيْن

"Yekti temenan Allah Ta'ala wus paring kanugrahan marang para wong-wong Mukmin, nalika Allah Ta'ala ngutus sawijine Rasul songko golongane deweke (tegese ora sangka golongane malaikat, utawa jin yaiku Kanjeng Nabi Muhammad SAW) kang Rasul mahu macakake ayat-ayate Allah marang deweke kabeh, lan nucekake jiwane deweke kabeh songko doso-dooa, lan uga mulang marang deweke kabeh ing Kitab Al-Qur'an lan hikmah. Senajan deweke kabeh mahu sak durunge yekti ono sak jerone sasar kang nyoto." (QS Ali Imran 164).

Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulya. Pramilo terang nyata bilih kautusipun Kanjeng Nabi, sakestu minangko kanugerahan saking ngarso Dalem Allah tumrap kito sedoyo. Kesyukuran kito sarana tambahi mahabbah lan tresna dumateng Kanjeng Nabi.

Soho nderek pitedah ingkang dipun turunaken dateng panjenenganipun, inggih pitedahipun Al-Qu'ran. Wusana kito kalebet tiyang ingkang bejo. Kados dawuhipun Al-Qur'an:

فَالَّذِيْنَ أمَنُوْا بِه وَعَزَّرُوْهُ وَاتَّبَعُوْا النُّوْرَ الَّذِيْ اُنْزِلَ مَعَه اُولئِكَ هُمُ الْمُفلِحُوْنَ

"Wong-wong kang pada iman marang Kanjeng Nabi, lan podo mulyaake Kanjeng Nabi, lan pada mbelani Kanjeng Nabi lan nderek marang pepadanging pituduh kang diturunake marang Kanjeng Nabi, yaiku Al-Qur'an, yo wong-wong kang mengkono iku wong kang pada beja-bejo". (QS. Al A'raf: 157)

Mugi-mugi kito pinaringan pitulungan tansah nderek Nabi lan pitedah Al-Qur'an, wusanonipun kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan saking ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta'ala. Amin. Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.

Contoh 5

Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh. Alhamdulillah, wa holatu wa salamu ala Rasulillah, wa ala alihi wa shohbihi wa man waalah, Amma ba'du.

Hadirin jemaah rahimakumullah. Monggo tansah sami netepi taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, terang-terangan utawi rahasia.

Kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi cecegahanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking ngersane Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا

Artosipun: Hei, wong-wong kang podo iman, takwaho siro kabeh marang Gusti Allah, lan podo ngucapo kanti ucapan kang bener (Al-Ahzab: 70)

Wonten setunggale hadis, Kanjeng Nabi dawuh:

اتَّقِ اللَّهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحسنةَ تَمْحُهَا، وخَالقِ النَّاسَ بخُلُقٍ حَسَنٍ

Artosipun: Wediyo siro kabeh marang Gusti Allah ono ing endi wae siro manggon, lan susulono keawonan kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku iso nglebur keawonan, lan gaweyo pekerti bagus marang manungso. (HR. Tirmidzi)

Takwo dipun wastani ajrih dumateng Gusti Allah, keranten saking sifat ajrih saget nukulaken raos tunduk, ngabekti ngantos trisno lan celak marang Gusti Allah.

Para sederek muslimin ingkang minulyo. Hadis kasebat menawi dijelasaken nggadahi tigo pesen penting. Setunggal, takwo dumateng Gusti Allah. Kalih, nyusuli penggawe olo kelawan penggawe sae. Ketigo, sesrawungan kaliyan manungso lintu kanti sae.

Setunggale ulama dawuhaken bilih hadis meniko cekak aos, ringkes anangis padet maknone. Keranten lafal takwo ngewakili sedoyo tindak lampah ibadah kawulo dumateng Gusti Allah lan nebihi cecegahipun, lajeng sinten kimawon ingkang nindaaken taqwo, mongko kalebet minal muttaqin.

Umar bin Abdul Aziz dawuh: ora aran takwo marang Gusti Allah niku ngelampahi poso lan sholat wengi, ananging takwo niku ninggal perkawis ingkang dipun haromaken Allah lan ngelampahi perintahipun.

Sinten kimawon ingkang pinaringan kesempatan ngelampahi kesaenan sak mantune nindaakaen perintah lan ninggal larangan, mongko niku dipun wastani nindaaken kesaenan tumuju marang kesaenan.

Hadirin ingkang minulyo. Maksudipun "nyusuli keawonan kelawan kesaenan" dipun pertelaaken bilih tindak lampah awon ingkang medal saking kito sedoyo supados inggal dipun susuli kelawan tindak lampah sae. Kados istighfar, sodaqoh, sholat lan tindakan sae lintu. Kanjeng Nabi dawuh:

لِكُلِّ دَاءٍ دَوَاءٌ وَدَوَاءُ الذُّنُوْبِ الْاِسْتِغْفَارُ

Artosipun: Saben penyakit niku wonten obate, lan obate piro-piro duso niku istighfar utowo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah (HR. Ad-Dailami).

Saking age-age utawa inggal nyusuli keawonan kelawan istighfar lan sodaqoh meniko akhiripun tindak lampah awon saget kalebur lan mboten maringi wekas wonten njeroning ati. Amergi menawi tasik wonten wekas keawonan ing njeroning ati, mongko biasane bakal balik ngelampahi keawonan malih.

Saklajengipun maksud "lan gaweyo pekerti bagus marang manungso" nggih meniko serawungan lan pertepungan amal kaliyan masyarakat kelawan pekerti ingkang sae. Kados dene mboten ngelarani, mboten ngapusi, remen silaturahim, tulung-tinulung, lan sakpitunggalane.

Kanjeng Nabi dawuh:

أَكْمَلُ الْمُؤْمِنِينَ إِيمَانًا أَحْسَنُهُمْ خُلُقًا

Artosipun: Tiyang mukmin ingkang paling sempurno imane yoiku ingkang paling bagus akhlake. (HR. Abu Dawud)

Pramilo, monggo kito sareng-sareng merhatosaken dan nindaaken tigo pesen saking Rasulullah kanti ndedungo marang Gusti Allah supados tansah pinaringan kekiatan, ajeg, sregep anggenipun ngelampahi takwo, istighfar lan tumindak becik marang liyan.

Akhiripun, kito sedoyo saget nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat. Amiin. Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.

Artikel ini ditulis oleh Savira Oktavia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(irb/sun)


Hide Ads