10+ Contoh Geguritan Jawa tentang Pendidikan

10+ Contoh Geguritan Jawa tentang Pendidikan

Najza Namira Putri - detikJatim
Kamis, 02 Mei 2024 13:13 WIB
Hari Pendidikan Nasional 2024
Ilustrasii (Foto: Freepik)
Surabaya -

Geguritan atau puisi bahasa Jawa adalah karya sastra puisi tradisional yang mempunyai ciri khas tersendiri. Karakteristik geguritan ini mencerminkan budaya dan kekayaan bahasa Jawa.

Geguritan acapkali digunakan untuk mengutarakan ide, perasaan atau cerita dengan gaya sastra yang khas. Menulis geguritan bisa dengan berbagai tema, seperti tema pendidikan.

Simak 13 contoh geguritan tentang Pendidikan berikut ini.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Contoh Geguritan tentang Pendidikan:

1. Guru

Dening: Bayu Handoko

Cahyaning ati
Polahmu digugu lan ditiru
Pahlawan ilang tanpa pamrih
Jasamu sak dawaning jaman
Mula...
Bektia marang guru
Kang dadi boring pendidikan
Kan mandhengani pembangunan moral

ADVERTISEMENT

2. Guruku Oborku

Kadya ron garing

Kumleyang kabur kanginan

Ing jagat peteng lelimengan.

Krasa luwih abot

Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

Mlakuku ora mantep.

Kagubet ribet lan ruwet

Adoh saka cahyamu

Pedhut ing sakindering pandulu

Panjenengan.

Guruku, sihku, oborku

Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

3. Sekolahanku

Sekolahanku...

Panggonan anggonku golek ilmu

Sekolahanku...

Diwulang dening Bapak-ibu Guru

Sekolahanku...

Sinau, maca buku

Ing Panggonan iki

Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei

Diparingi PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya...

Sanajan abot kudu dilakoni

Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi

kareben ngesuk dadi wong kang aji

miguna tumprap bangsa lan nagari

4. Sekolahku

Wiwit esuk tekan awan

Ngangsu Kawruh golek ilmu

Para Guru nggulawentah, kanthi sabar

Mulang lan ndidik para siswa kanthi gemi

Sekolahku

Panggonan nomer loro sawise omahku

Sekolahku

Di didik mring guru

Supaya dadi bocah kang mituhu.

5. Buku

Dening: Beti Mustika Rini

Saiki wis kelakon kekarepanku

Amarga...

Buku akeh paedahe

Buku uga ndadekake oleh prestasi

Bodho dadi pinter

Lan kanggo golek ngelmu

Buku...

Saka jasa-jasamu

Aku dadi bocah kang guna

Kanggo bangsa lan negara

Uga dadi penerus bangsa

Buku...

Kabeh padha mbutuhake

Kanggo nambah pengetahuan

Kanggo ngisi wektu sela

Karana maca

Amarga buku sumbering ngelmu

6. Sekolah

Dening: Martha

Kanthi jangkah kang linambaran tekad

Lan ati sumringan

Mlaku ngener sekolah

Aku mangkat sekolah

Langkah antep

Kang ndhasari atiku mantep

Tundhane wajibe sregep

Atiku seneng banget

Arep ketemu kanca-kanca

Kang wus manjing dadi mitra

Neng ndalan tansah sopan

Supaya bisa lumaku nggayuh kamulyan

Adoh saka laku ngiwa

Kang bisa ngilangke tindak prayoga

Sekolah wakiling simbah

Kang wis ora bisa ndongeng

Pitutur kang bisa gawe ati ora semplah

Sukor bage aku keconggah

Gawe sesenging bapa simbah

Slamet ora kakehan polah

7. Pendidikan Kang Adiluhung

Guritane ilmu, wus kumandhang,

Mijil wawasan, tata krama kita.

Sinau sadaya, tanpa lelara,

Dene gurune, adi ngudi laku.

Cipta tuladha, ana ing sekolah,

Wiyata-wiyata, tembung kawruh.

Mudheng ilmu, kinasihan budi,

Pancasila, dasar tumuju adiluhung.

Wiwit pendidikan, sami kita rama,

Wong kang eling, lelara kedah.

Riyaya kula, ning para guru,

Pancen wiyos, ing ilmu lir wus.

Wonten sekolah, tanpa bongso,

Kawruh kang luwih, tata ngati-ati.

Pancen adil, sami dadi tujuan,

Ing guru-guru, titah kasedya

8. Jaman Sekolah

Guritane pendidikan, wus kumandhang,

Jaman sekolah, puanjikan harapan.

Wiwit guru, tinemu ing kelas,

Nembe wayah, kiye tan kawengen.

Wiwit buku, tembung-tembung bekti,

Anglami ilmu, kaya wiyos urip.

Takdir kang adil, dados sarana,

Nganti kapan, eling ing ati.

Wiwit pelajaran, kasebut kasebut,

Tugas gurune, ing kelas ora sare.

Urip sekolah, dereng kenek ana,

Guru siswa, urip kang adiluhung.

Wiwit pendidikan, sami kita rama,

Guritane ilmu, sarta kawruh kita.

Para pelajar, anggara tujuan,

Budaya sekolah, sarta tata krama.

9. Cita-citaku

Dening: Yunda Dayanti

Esuk budhal sekolah

Sore nyekel buku

Awan daknggo turu

Mung arep nggayuh cita-citaku

Yen dak roso ora ono wektu dinggo senenge atiku

Aku sinau saben dina

Tansah manut dhawuhe wong tuwaku

Supaya aku dadi bocah pinter

Ing tembe bisa mujudake cita-citaku

Bisa mendhem jero lan mikul dhuwur marang wong tuwa

Bisa mulyakne wong tuwaku

Lan utamane bisa bekti marang wong tuwaku

Ya mung kanti cita-cita iki aku bisa semangat

Semangat sinau

Lan uga semangat nggayuh kabeh keinginanku

10. Sekolahku

Bangunan kang megah

Ayem, endah lan asri

Nambahi bungah atiku

Nambahi semangat siswa siswine

Golek ilmu kanggo mbesukke

Saben dino aku ngrungokke piwulange guru

Ora tau mbadal yen dituturi

Merga aku ngerti yen guru iku digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku

Sekolah menyang SMP

Sing tambah maju prestasine

11. Perjuangan Guru

Dening: Isti Mukarromah

Sliramu tansah digugu lan ditiru

Marang kabeh muritmu

Atumu nora tahu nesu

Senajan aku tansyah kleru

Rupamu nyenengne ati

Pocapanmu ngademne ati

Tasah gemi nastiti, ngati-ati

Menehi elumu kanti tliti

Ora tahu ngraso suntuk

Anggonmu mulang wuruk

Supoyo muridmu nora ketubruk

Dadi wong pinter

Lan nora keblinger

Senajan kauripan nggadang nantang

Nanging tetep maju perang

Lan biso gayeng uripe

Ngrasakne jaman emase

Saka rekasane ing jaman biyene

12. Golek Ngelmu

Ngelmu iku ora gampang tinemune

Gampang kanggo para siswa

Kang tlaten lan sregep sinau

Sregep menyang sekolah

Mempeng nggarap tugas

Lang ngelingi piwelange wong tua

Guwang rasa wegah, rasarasen ing batin

Golek ngelmu iku kanthi nyanding buku wacan

Saka maca buku wacan kita tambah pinter

Mula ngelmu iku kudu digoleki terus

Mesti tekan negara Cina

Lan sak butule nyawa

13. Cita-citaku

Esok awan wengi aku sinau

Kanggo nentoake cita-citaku

Sedurung turu kula sinau

Tangi turu kula nggih sinau

Kula sinau sedina-dina

Nggo nyenengake wong tuwa

Ingkang sampun ndonga'aken kula

Supados nggapai cita-cita

Oooh... Gusti

Paringana rido awak kula

Supados kula saged bakti negri

Adohana kulo saking godaan setan

Oooh... Gusti

Paringana kesametan wong tuwa kula

Lan paringana kesehatan wong tuwa kulo

Supados saged mriksani kulo sukses

Artikel ini ditulis oleh Najza Namira Putri, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(irb/fat)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads